Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:16 - Kitab Sutji

16 Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:16
19 Iomraidhean Croise  

Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.


nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah, iku ditindakake kabeh.


“Ngupayaa piwulang lan paseksen!” Sing sapa celathu ora mangkono iku ora kaplethekan bangbang wetan.


Aku tumuli lunga lan ngumpetake sabuk mau kaya dhawuhe Sang Yehuwah marang aku.


Nabi Musa iya ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya maju, tumuli dianggoni kemejan, disabuki lan dianggoni serban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Nanging jeroan lan sampile dikumbah, wedhus iku diobong dening Nabi Musa kabeh ana ing misbyah; iku kurban obaran, kang gandane gawe rena, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


Tumuli diagemi serban, lan ing sadhuwure serban kapara ngarep kaetrapan jamang mas suci, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa. Mangkono Nabi Musa anggone nacahake umat ana ing pasamunan Sinai.


Mangkono maneh manawa megane anggone mandheg ana ing sadhuwure Tarub Suci iku nganti rong dina, utawa nganti sesasi utawa luwih, wong Israel iya tetep lereb, ora budhal; nanging samangsa megane mumbul, banjur lagi padha budhal.


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Tumrap para abdi kang kaya mangkono iku, mung siji sarate: yaiku temen.


Kabeh kang dakprentahake marang kowe iku padha lakonana kalawan temen-temen, aja kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi.


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


kang setya marang kang wis njumenengake, kayadene Nabi Musa kang setya ing sapadalemane kabeh.


Karodene Nabi Musa pancen tumemen ana ing padalemane Allah kayadene pelados, supaya paring paseksen ing bab apa kang ing tembe bakal dipangandikakake,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan