Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:15 - Kitab Sutji

15 nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:15
15 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah sampun supaos, sarta badhe boten keduwung: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase manut tatanane Melkisedhek.”


Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.


lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake.


Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.


Sapa kang gawe lenga adon-adone padha kaya iku, lan ngusapake ing awake wong lumrah, iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”


Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,


Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”


minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”


kang tanpa Rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora ana wiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane, sarta sarehne panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestari jumeneng imam ing salawase.


Pancen wis ora kena dipadoni, manawa kang luwih asor diberkahi dening kang luwih luhur.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan