Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 40:14 - Kitab Sutji

14 Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 40:14
11 Iomraidhean Croise  

Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna, sira anggonana kemejan,


Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.


nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”


Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


Nabi Musa iya ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya maju, tumuli dianggoni kemejan, disabuki lan dianggoni serban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.


Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.


Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing sakawit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.


Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,


Gusti Allah, kang wus nimbali kowe marang patunggilane Kang Putra Yesus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan