Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.
Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.