Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 4:8 - Kitab Sutji

8 “Saupama padha ora ngandel marang sira lan ora maelu marang pratandha kang kapisan, mesthi bakal padha ngandel marang pratandha kang kapindho.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 4:8
10 Iomraidhean Croise  

Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”


Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga; iya natoni, nanging astane nyarasake.


Sang Musa tumuli ngaturi uninga marang Rama Harun bab sakehe pangandikaning Yehuwah kang wus diwelingake lan sakehe pratandha kang wus kadhawuhake supaya ditindakake.


Sawuse mangkono dhawuhe maneh: “Tanganira lebokna maneh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetake astane maneh ing tangkeping jubahe, bareng ditarik metu, lah wus pulih maneh kaya sarirane.


Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”


Sabab kudu iki kudu iku, kudu mangkene kudu mangkono, wuwuh iki, wuwuh iku!”


Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.


Atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Manawi kawula sampun manggih sih kamirahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa paring pratandha, bilih Paduka piyambak ingkang ndhawuhi kawula.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan