PANGENTASAN 4:5 - Kitab Sutji5 “Iku supaya padha ngandela, yen sira wus diketingali dening Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para leluhure, Gusti Allahe Abraham, Gusti Allahe Iskak lan Gusti Allahe Yakub.” Faic an caibideil |
Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.
Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.
Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.
Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.