PANGENTASAN 4:31 - Kitab Sutji31 Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud. Faic an caibideil |
Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong sapasamuwan kabeh iku: “Padha memujia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira!” Wong sapasamuwan kabeh nuli padha memuji marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, tumuli padha jengkeng sujud marang Pangeran Yehuwah tuwin marang Sang Nata.
Nalika wong Israel kabeh padha sumurup geni kang tumurun lan kamulyane Sang Yehuwah kang nglimputi padaleman mau, banjur padha jengkeng ana ing jrambah, raine konjem ing bumi, tumuli padha sujud nyembah sarta padha ngrepekake kidung pamuji sokur kagem Pangeran Yehuwah: “Marga Panjenengane iku becik! Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase.”
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Lah Ingsun bakal ngrawuhi sira ana ing mendhung kang peteng, supaya wong akeh padha krungua samangsa Ingsun imbal pangandika karo sira, lan supaya tansah padha ngandel marang sira.” Nabi Musa banjur munjuk marang Sang Yehuwah bab kasaguhane bangsa iku.
Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.