Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Sang Musa: “Tanganira gumrageha, pethite cekelen!” Sang Musa banjur gumrageh astane, pethite dicepeng, banjur malih dadi teken maneh ana ing astane.
“Manawa Pringon akon marang sira: Sira nuduhna sawijining mukjijat, nuli sira ndhawuhana Harun: Jupuken tekenmu, lan uncalna ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, nuli bakal malih dadi ula.”
Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula.