PANGENTASAN 4:24 - Kitab Sutji24 Kacarita bareng ana ing dalan ana ing panginepan, Sang Musa tumuli dipanggihi dening Pangeran Yehuwah bakal disedani. Faic an caibideil |
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.