PANGENTASAN 4:23 - Kitab Sutji23 kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.” Faic an caibideil |
Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.
Sawuse iku Nabi Musa tumuli nyariosake marang kang rama mara-sepuhe samubarang kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah marang Sang Prabu Pringon lan marang wong Mesir marga saka wong Israel, mangkono uga sakehing karibedan kang dialami ana ing dalan, apadene anggone Pangeran Yehuwah ngluwari umate.
Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.
Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.