Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 4:22 - Kitab Sutji

22 Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 4:22
17 Iomraidhean Croise  

Panyebute marang Ingsun bakal mangkene: ‘Paduka punika Rama kawula, Gusti Allah kawula, sarta peparanging karahayon kawula.’


Nanging unjuke Nabi Musa ana ing ngarsaning Sang Yehuwah: “Lah tiyang Israel piyambak boten purun mirengaken dhateng kawula, Sang Prabu Pringon malih yen karsaa miyarsakaken, kawula punika tiyang ingkang kaken ilat kawula.”


Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.


Paduka punika rak Rama kawula sadaya? Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya, saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya. Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya; asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.


Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.


Israel iku batur tukon, apa anaking batur? Geneya kok dadi jarahan?


Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur; Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung; amarga Ingsun wus dadi ramane Israel, dene Efraim iku putraningSun pembayun.


Nalika Israel isih nom, Sunkasihi sarta saka ing Mesir putraningSun iku Suntimbali.


Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”


lan manggon ing kana nganti sasedane Sang Prabu Herodhes. Mangkono dadine kayektenan apa kang kapangandikakake dening Pangeran lumantar nabi: “Saka ing tanah Mesir anggoningSun nimbali PutraningSun.”


Sabab iku kabeh padha wong Israel kang wus kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Toret, apadene sarengat lan prasetya-prasetya.


Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


“Kowe iku padha putrane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha mblereki kulitmu lan aja nyukur rambutmu ing sadhuwure bathukmu marga kepaten;


He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi, apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah? Iku rak Ramamu kang nitahake kowe, kang nganakake lan kang nguwatake kowe.


sarta karo pasamuwane para pambarep, kang jenenge wus padha katulisan ana ing swarga, sarta karo Gusti Allah, kang ngadili sakabehing wong, sarta maneh karo rohe para wong mursid kang kasampurnakake,


Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan