20 Sang Musa banjur ngajak garwane lan putra-putrane, padha katunggangake ing kuldi wangsul menyang ing tanah Mesir; lan tekene Gusti Allah iku diasta.
Dene mungguh sira, angkaten tekenira lan acungna marang ing sadhuwure sagara, piyaken banyune; supaya wong Israel padha lumaku ana ing gasikan ing tengahe sagara.
Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”
Nabi Musa banjur ngangkat astane, sarta nggebag parange kalawan tekene nganti rambah ping pindho, banjur metu banyune akeh, temah wong-wong dalah kewane padha bisa ngombe.