Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 4:18 - Kitab Sutji

18 Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro mara-sepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 4:18
11 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugeng?” Nanging para sadhereke padha ora bisa ngaturake wangsulan, marga saka wedi lan geter ana ing ngarsane.


Nabi Elisa tumuli utusan wong kadhawuhan matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira dalem badhe pulih sarta panjenengan dalem badhe dados resik.”


Ature Nabi Elisa: “Sumangga, kula aturi tindak kaliyan tentrem rahayu.”


Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane.


Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,


Nanging Gusti Yesus nuli ngandika marang wong wadon mau: “Pangandelmu kang mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”


Nanging bareng wis sawatara lawase Rasul Paulus banjur ngandika marang Barnabas: “Prayogane saiki padha bali niliki para sadulur ing saben kutha, sing wis padha kita sebari pangandikane Gusti, kapriye kaanane.”


Lurah pakunjaran banjur nerusake dhawuh mau marang Rasul Paulus, ature: “Para pangagenging kitha sampun utusan, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi tindak lan pangkat kanthi wilujeng!”


Kabeh wong kang nyangga gawening batur-tukon, iku ngajenana marang lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudu kinurmatan, supaya asmaning Allah lan piwulang kita aja nganti kaalakake.


Wangsulane imam iku marang wong-wong mau: “Sami kula aturi tindak kanthi tentrem rahayu! Ayahan ingkang panjenengan lampahi punika sae wonten ing paningalipun sang Yehuwah.”


Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan