PANGENTASAN 4:15 - Kitab Sutji15 Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni. Faic an caibideil |
Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Nabi Yeremia nuli mundhut gulungan liyane lan diparingake marang panitra Barukh bin Neria, kang nulisi kang katampan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong dening Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda iku. Apa maneh isih diwuwuhi pangandika akeh tunggale iku.
Atur wangsulane Bileam marang Sang Prabu Balak: “Lah sapunika kawula sampun sowan wonten ing ngarsa panjenengan dalem, nanging punapa inggih dalem badhe saged ngucapaken punapa-punapa? Namung pangandika ingkang badhe dipun paringaken ing cangkemipun dalem dening Gusti Allah, punika ingkang badhe dalem ucapaken.”