Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 4:14 - Kitab Sutji

14 Ing kono tuwuh dukane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa, pangandikane: “Apa Harun kakangira wong Lewi iku ora ana ing kana? Ingsun mirsa, yen iku wasis micara, malah wus mangkat methuk sira, lan samangsa ketemu klawan sira, bakal bungah atine.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 4:14
19 Iomraidhean Croise  

Bebendune Yehuwah mungkat marang Uza, Gusti Allah banjur nggebag wong iku, amarga sembranane. Uza mati ngenggon ana ing sandhinge pethine Gusti Allah mau.


Marga saka iku Sang Yehuwah banjur duka marang Sang Prabu Suleman, awit panggalihe wus nyimpang saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaping pindho ngatingal marang panjenengane,


Nanging prakara iki ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, mulane wong Israel banjur kagebag dening Gusti Allah.


Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine, lan Imam Harun pepilihane.


Ewadene unjuke Sang Musa: “Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kemawon ingkang pantes Paduka utus!”


Anadene teken iku sira gawaa, iku minangka sarana anggonira nindakake pratandha-pratandha mau.”


Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.


Pangucape Ibu Miryam lan Imam Harun: “Apa Pangeran Yehuwah iku anggone maringake pangandika mung lumantar Musa bae, apa ora iya lumantar kita uga?” Mangka kang mangkono mau kapiyarsa dening Sang Yehuwah.


Amargi Sang Roh Suci lan kula sampun damel putusan, supados panjenengan sampun ngantos kabebahan nglangkungi ingkang kaperlokaken:


Nanging atiku ora rumangsa jenjem, sabab aku ora kepethuk karo sadulur Titus, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang ing tanah Makedhonia.


sabab kabeh mburu kabutuhane dhewe dudu kabetahane Sang Kristus Yesus.


Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.


Nalika Rama Yakub rawuh ana ing Mesir lan para leluhurmu padha sesambat marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ngutus Nabi Musa lan Imam Harun, kang ngirid para leluhurmu saka ing tanah Mesir sarta marengake padha manggon ana ing kene iki.


Ana sawijining abdine Gusti Allah kang marani Imam Eli lan ngemban pangandika mangkene: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ingsun rak wus ngatingal marang para leluhurira kalawan nyata-nyata, nalika isih padha ana ing tanah Mesir lan kaereh dening darahe Pringon?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan