Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 4:12 - Kitab Sutji

12 Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 4:12
20 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngutus Nabi Musa, abdine, lan Imam Harun pepilihane.


Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka punika Gusti Allah kawula! Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin.


Aja kaya jaran utawa bihal kang ora duwe budi, prelu dienggoni apus lan kendhali, manawa ora, ora bakal nyedhaki kowe.


Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”


Ewadene unjuke Sang Musa: “Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kemawon ingkang pantes Paduka utus!”


Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.


Harun iku kang bakal makili sira mituturi bangsa iku, kalawan mangkono Harun iku minangka cangkemira lan sira kaya kang dadi Allahe.


TutukingSun kadamel kaya pedhang kang landhep lan Ingsun kaayoman ana ing aubing astane. Ingsun kadadekake panah kang lincip lan kadhelikake ana ing endhonge.


Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.


Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.


Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Marga saka lelakon iki kowe bakal padha sumurup, manawa aku diutus dening Sang Yehuwah supaya nindakake prakara iki kabeh, dadi ora saka karepku dhewe,


Dene manawa kowe diirid diladekake, kowe aja sumelang ing bab apa kang bakal dadi aturmu, nanging aturna apa kang nalika iku diparingake marang kowe amarga dudu kowe, kang calathu, nanging Sang Roh Suci.


Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”


nanging Sang Juru Panglipur, iya iku Sang Roh Suci, kang bakal diutus dening Sang Rama atas saka jenengKu, iku kang bakal mulangake samubarang kabeh marang kowe sarta bakal ngelingake kowe sabarang kang wus Dakwulangake marang kowe.


uga kanggo aku, supaya manawa aku ngucap, diparingana tetembungan kang bener, lan supaya kanthi kendel anggonku nggiyarake kekeraning Injil,


Nabi kang saka ing antarane para kadange kaya sira iku bakal Sunangkat kanggo wong-wong iku, sarta pangandikaningSun bakal Sundekek ing lesane, sarta apa kang Sunprentahake iku bakal dilairake marang wong-wong mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan