11 Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?
Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”
Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta, Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul, Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.
Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene: “Delengen, lah iki wus nggepok lambemu, dadine kaluputanmu wus sirna lan dosamu wus kaapura.”
Pangwaose Sang Yehuwah, nalika malem dina tekane wong kang oncat mau, wus nglimputi aku tuwin esuke ngarepake tekane wong kang oncat mau, Sang Yehuwah mbikak cangkemku. Cangkemku wus kabukak satemah aku wus ora bisu maneh.
Apa ana kalasangka kaunekake ana ing sawijining kutha, kang ora ndadekake gumetere wong-wong? Lan apa ana bilai kang nempuh sawijining kutha, kang dudu Pangeran Yehuwah kang nindakake?
wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.
Lah, kowe bakal bisu lan ora bisa caturan nganti tekan titimangsa kalakone iku kabeh, amarga kowe ora ngandel marang kandhaku kang mesthi bakal kalakon ing wektu kang wis katamtokake.”