Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 4:1 - Kitab Sutji

1 Sang Musa banjur munjuk: “Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula, malah lajeng wicanten: Pangeran Yehuwah boten ngatingal dhateng panjenengan?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 4:1
14 Iomraidhean Croise  

Ing nalika iku uga wong mau aweh sumurup bab sawijining pratandha kaelokan, tembunge: “Iki pratandha kaelokan, yaiku manawa Pangeran Yehuwah wus ngandika: Lah misbyah iki bakal bengkah, satemah awu kang ana ing dhuwure banjur wutah.”


Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!”


Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.


Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.


Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.


Unjuke Sang Musa marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Pangeran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanes ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”


Rama Harun tumuli nglairake sakehe pangandika kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Sang Musa, sarta nindakake pratandha-pratandha ana ing ngarepe bangsa iku.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Ing kono Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang Nabi Musa lan Rama Harun, supaya nemoni wong Israel lan sowan Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir, murih wong Israel iku padha diirid metu saka ing Mesir.


Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”


Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku.


Pangintenipun, para kadangipun badhe mangretos, bilih panjenenganipun dipun agem dening Gusti Allah ngluwari piyambakipun sadaya, nanging sami boten mangretos.


Atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Manawi kawula sampun manggih sih kamirahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa paring pratandha, bilih Paduka piyambak ingkang ndhawuhi kawula.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan