Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 39:5 - Kitab Sutji

5 Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 39:5
10 Iomraidhean Croise  

bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, mori alus, wulu wedhus,


Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.


Sawuse mangkono sira njupuka sandhangane, sarta Harun sira anggonana kemejan, jubahing klambi efod lan kotang efod apa maneh tutup dhadha; tumuli efod sira singsetana klawan sabuk klambi efod;


Kotang efod iku dietrapi tutup-pundhak, kang digandhengake karo efod iku, ana ing pojoke loro-lorone.


Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.


panjenengane ora bakal nyimpang saka ing kabeneran lan kasetyan, kayadene sabuk kang tetep tumali ing bangkekan.


Sawuse mangkono tumuli diagemi kemejan lan sabuk apadene jubah, diagemi kotang efod tuwin dipaningseti nganggo sabuk efod,


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Sabab apa kang wis daktampa saka Gusti iku, iya wus dakluntakake marang kowe, yaiku, yen Gusti Yesus, ing wayah bengi nalikane Panjenengane ndungkap kaulungake, mendhet roti,


Sarta ing tengah-tengahe padamaran pitu mau ana kang madha warna Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawane nganti klengsreh tekan ing sampeyane, lan jajane apaningset emas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan