PANGENTASAN 39:43 - Kitab Sutji43 Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa. Faic an caibideil |
Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,