Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 39:39 - Kitab Sutji

39 misbyah kurban obaran tembaga dalah krawangane tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 39:39
7 Iomraidhean Croise  

Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.


“Karomaneh sira gawea misbyah kayu sittah, dawane limang asta lan ambane limang asta, dadi misbyah iku pesagi bener, nanging dhuwure telung asta.


Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,


“Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.


Tembaga mau dianggo gawe ompake lawang Tarub Pasewakan, misbyah dalah krawangane lan sakehe pirantine misbyah mau,


misbyah mas, lenga jebad, dupa wangi, tuwin wrana lawanging tarub,


klambu plataran, cagak saompake, geber kanggo gapuraning plataran, tali dalah pathoke, sakehe piranti kang kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan