31 Blebekan mau kawenehan tali wungu kanggo nalekake blebekan iku ing serban ana ing sisih dhuwur, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Iki sandhangan kang kudu digawe: tutup dhadha, kotang efod, jubah, kemejan tenunan endah, serban lan sabuk, yaiku sandhangan kang suci kanggo kakangira Harun lan anak-anake, supaya padha ngimamana lumados marang Ingsun.
Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.