Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 39:30 - Kitab Sutji

30 Lan uga padha gawe blebekan, kanggo jamang suci mas murni lan ing jamang mau ana tulisane kang kaukir kaya gawe cap, unine: Suci kagem Sang YEHUWAH.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 39:30
11 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh sira gawea warana ana ing lawangane Tarub, kang kagawe kain wungu tuwa, kain wungu nom, kain jingga lan lena tenunan alus kang mancawarna.


sarta paningsete lena alus kang benange kaantih, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga, tenunane manca-warna, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Blebekan mau kawenehan tali wungu kanggo nalekake blebekan iku ing serban ana ing sisih dhuwur, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Ing wektu iku dalah klinthingan jaran bakal ana tulisane kang muni: “Suci kagem Pangeran Yehuwah!” Sarta sakehe kuwali ing padalemane Sang Yehuwah dadi padha karo bokor-bokor panyiraman ing sangarepe misbyah.


Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


sarta Paduka dadosaken karajan lan imam sumaos ing Allah kita, sarta sami badhe dados ratu wonten ing bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan