Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 39:27 - Kitab Sutji

27 Rama Harun lan para putrane iya digawekake kemejan lena alus gaweane tukang tenun,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 39:27
14 Iomraidhean Croise  

Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.


dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


serbane lena alus, iket kang endah iya lena alus, lancingan lena alus kang benange kaantih,


Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


Manawa para imam arep lumebu ngliwati gapura-gapura plataran njero, kudu manganggo sandhangan lena, ora kena manganggo sandhangan wulu wedhus yen pinuju nindakake kawajiban ana ing gapura-gapura ing plataran njero utawa pinuju nindakake tata-pangibadah ana ing Padaleman Suci.


Kudu nganggo serban lena lan clana lena sarta aja nganti nganggo sabuk kang marakake kringeten.


Imam banjur manganggoa klambine lena, lan sruwale lena kanggo nutupi kawirangane. Sawuse kurban obaran iku kobong kabeh, nuli ngukupa awu kang ana ing misbyah, kabuwanga ana ing sandhing misbyah.


Nabi Musa iya ndhawuhi para putrane Rama Harun supaya maju, tumuli dianggoni kemejan, disabuki lan dianggoni serban, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.


yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.


Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus, wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.


Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan