25 Sarta maneh padha gawe klinthingan mas murni; klinthingan mau dipasang selang-seling karo delimane ana ing pinggire jubah kang ngisor mubeng,
Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.
Jubah mau pinggire ngisor dipasangi rerekan delima kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga kang benange kaantih.
dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.
Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima, kang enak wohe, kembang pacar lan nared,