20 Karodene iya padha gawe gelangan mas loro dietrapake ing tutup pundhake kotang efod loro-lorone, ana ing ngisor sisih ngarep, mepet sambungane ing sadhuwure sabuk kotang efod.
Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.
Tutup dhadha mau gelangane nuli padha ditaleni oleh gelangane kotang efod sarana tali wungu tuwa, dadi tetep ana ing sadhuwuring sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora bisa pisah karo kotange efod, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.