Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 39:1 - Kitab Sutji

1 Bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga iku dianggo gawe sandhangan dhines, kang kanggone samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; uga gawe sandhangan suci kagem Rama Harun, kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 39:1
14 Iomraidhean Croise  

Pranatan Paduka sanget kenceng, padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci, dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.


bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, mori alus, wulu wedhus,


“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.


Kanggo kaperluan iku dibutuhake mas, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.


mangkono uga panganggon dhines, sandhangan suci kanggo Harun sarta sandhangane para anake kang padha dadi imam,


sandhangan dines kanggo ngladeni ana ing pasucen, lan sandhangan suci panganggone Imam Harun lan sandhangane para anake kanggo ngimami.”


lan saben wong kang duwe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus, lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, apadene lulang dhuyung, iya teka nggawa iku.


ompak-ompak ing saubenge plataran, ompaking gapurane plataran iku, sakehe pathok-pathoking Tarub Suci lan sakehe pathok plataran ing saubenge.


sandhangan dhines kang dianggo samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; sandhangan suci pangagemane Imam Harun, lan sandhangane para putrane kanggo ngimami.


Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.”


Iki katemtuane tumrap Padaleman Suci iku: wilayah ing pucaking gunung iku kabeh suci linuwih. Lah yaiki katemtuan tumrap Padaleman Suci iku.”


sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.


Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan