“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.
geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.