4 Misbyah mau iya digawekake krawangan dhapur jala tembaga, kaetrapake ing sangisore wengkune, wiwit saka ngisor tekan ing saparone dhuwure.
Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,
banjur sira etrapna ing sangisoring wengkune misbyah wiwit saka ngisor nganti krawangan mau dhuwure saparone misbyah.
Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.
Sarta iya gawe gelangan cor-coran papat dipasang ing pojoke papat krawangan tembaga mau, kanggo slobokan pikulan.