29 Mungguh tembaga pisungsung-mligi iku gunggunge ana pitung puluh talenta punjul rong ewu patang atus sekel.
Salaka kang sewu pitung atus pitung puluh lima sekel iku dianggo gawe canthelan-canthelan cagak, kanggo blongsong cagak perangan kang dhuwur, karomaneh cagak mau padha kasambung kalawan sunduk.
Tembaga mau dianggo gawe ompake lawang Tarub Pasewakan, misbyah dalah krawangane lan sakehe pirantine misbyah mau,