27 Salaka mau kang satus talenta dicithak dadi ompak-ompak pasucen lan ompak klambu. Salaka satus talenta kanggo ompak satus iji, dadi satalenta kanggo ompak siji.
lan sira gawea ompak selaka patang puluh iji kanggo ing ngisore blabag rong puluh iji iku, blabag siji ompake loro kanggo puruse loro mau, lan blabag liyane ompake iya ngloro-ngloro kanggo puruse loro.
saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.
Salaka kang sewu pitung atus pitung puluh lima sekel iku dianggo gawe canthelan-canthelan cagak, kanggo blongsong cagak perangan kang dhuwur, karomaneh cagak mau padha kasambung kalawan sunduk.