Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 38:26 - Kitab Sutji

26 saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 38:26
12 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono wong Israel tumuli padha budhal saka ing Raamses menyang Sukkot, cacahe wong lanang kang mlaku dharat kira-kira ana nem atus ewu, durung bocah-bocahe.


“Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.


Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah.


Salaka mau kang satus talenta dicithak dadi ompak-ompak pasucen lan ompak klambu. Salaka satus talenta kanggo ompak satus iji, dadi satalenta kanggo ompak siji.


“Sira nacahna umat Israel kabeh miturut kulawangsane ing sajrone suku-sukune, sakehe wong lanang ing Israel tulisana jenenge siji-sijine,


kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.


gunggunge nem atus telu ewu limang atus seket.


Samono mau gunggunge wong Israel kang padha kacacahake miturut taler-talere. Sakehe kang kacacahake ana ing tarub miturut golongane kabeh ana nem atus telu ewu limang atus seket.


“Sira padha nacahna wong Israel saumat kabeh kang umur rong puluh taun sapandhuwur, miturut talere, iya wong-wong kang sembada ing perang.”


Wong Israel kang padha kacacahake iku mau gunggunge kabeh ana: nem atus siji ewu pitung atus telung puluh.


Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengan punapa boten asok paos kalih drakhma?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan