25 Anadene salaka pisungsunge wong kang kadaftarake saka ing satengahe pasamuwan, iku gunggunge ana satus talenta punjul sewu pitung atus pitung puluh lima sekel, miturut timbangan pasucen:
“Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.
Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”