23 kabiyantu dening Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan, wong kang ahli ing gegawean, baud gawe tenunan manca-warna nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus.
Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:
Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.”