Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 38:21 - Kitab Sutji

21 Iki pratelan bab wragad kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Suci kang isi angger-anggere Gusti Allah digawe awit saka prentahe Nabi Musa, dening para bani Lewi kapimpim Itamar, putrane Rama Harun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 38:21
31 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?


Kowe munjuk: Piwulang kawula punika murni, saha kawula resik wonten ing paningal Paduka.


Manawa kowe mratobat marang Kang Mahakuwasa lan ngesorake dhiri; manawa kowe ngedohake piala saka ing tarubmu,


Ayub mangsuli, pangucape:


Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?


Ing jeroning pethi isenana papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira.


Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.


Anadene sakehe pathok kang kanggo ing Tarub Suci lan plataran iku padha tembaga.


Bezaleel bin Uri bin Hur saka Taler Yehuda, iku kang nggarap sabarang kang diprentahake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa,


Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.


Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.


nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.


nanging wong Lewi kudu lereb ing saubenge Tarub Suci panggonaning angger-anggere Gusti Allah, supaya umat Israel aja nganti kena ing bebendu; wong Lewi kudu rumeksa marang Tarub Suci, panggonaning angger-angger iku.”


Kacarita ing taun kang kapindho, sasi kapindho tanggal rong puluh, megane mumbul saka ing Tarub Suci, panggonaning angger-anggere Gusti Allah.


Mangkono uga para sadulurira talere Lewi, iya talere leluhurira iya konen seba bareng karo sira supaya padha dadi kanthinira lan ngladenana marang sira, nalika sira dalah anak-anakira padha ngadhep ana ing Tarube angger-angger.


Saiba endahe tarub-tarubmu, he Yakub, iya papan padununganmu, he Israel.


Ing dina madege Tarub Suci, megane tumuli nutupi Tarub Suci, tarube angger-anggering Allah; sarta saben bengi tumeka esuk, mega iku katon kaya geni ana ing sadhuwure Tarub Suci.


Petrus banjur matur marang Gusti Yesus: “Gusti, iba saenipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhe damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”


Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.


Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.


sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa.


Balik Gusti Kristus wus rawuh jumeneng Imam Agung tumrap bab-bab kang becik kang bakal kalakon. Panjenengane wus nglangkungi tarub kang luwih gedhe sarta kang luwih sampurna kang ora kayasa dening tanganing manungsa, – tegese dudu panunggalane kang tumitah iki –,


Sadurunge aku ninggal tarubing badanku iki anggonku tansah ngelingake kowe marang iku mau kabeh iku dakanggep dadi kawajibanku.


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


Sawuse mangkono aku tumuli weruh wong ngengakake Padaleman Suci – tarub paseksen – ing swarga.


Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan