2 Nuli kagawekake sungu kang padha dipasang ana ing pojokane papat iras-irasan karo misbyahe, banjur diblongsong tembaga.
Apa kakuwatanku iku kaya watu? Apa dagingku kaya prunggu?
Sungune sira gawea ana ing pojokane papat; iku ginawea iras-irasan karo misbyahe, misbyah iku kudu sira lapis ing tembaga.
Bezaleel iya gawe misbyah kurban obaran kayu sittah, dawane limang asta, ambane iya limang asta, dadi pesagi, nanging dhuwure telung asta.
Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.