19 Cagak papat lan ompake papat iku padha tembaga, nanging canthelane salaka, ing dhuwure cagak uga padha kablongsong salaka, mangkono uga sunduke iya salaka.
Sawuse iku uga banjur gawe krebil loro kang kaetrapake ing saka-saka mau. Iku kang digawe tembaga cithakan, dhuwuring krebil mau kang siji limang asta, dene sijine iya limang asta.
Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.