17 Ompake cagak-cagak iku tembaga, nanging canthelane lan sunduke selaka, ing dhuwure iya kablongsong ing salaka. Sakehe cagak plataran iku padha kasambung kalawan sunduk salaka.
Sawuse iku uga banjur gawe krebil loro kang kaetrapake ing saka-saka mau. Iku kang digawe tembaga cithakan, dhuwuring krebil mau kang siji limang asta, dene sijine iya limang asta.
Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.
Bubuhane para bani Merari iku: ngopeni blabage Tarub Suci, kendhite, sakane dalah ompake sarta sakehe pirantine, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh;
cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.