10 cagake klambu rong puluh lan ompake iya rong puluh padha tembaga, nanging canthelane cagak lan sunduke selaka.
Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.
Ing sisih lor iya satus asta; cagake geber rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, canthelane cagak lan sunduke salaka.
Karomaneh Bezaleel iya gawe plataran ana ing sisih kidul; gebere plataran mau lena alus tenunan kang benange kaantih, dawane satus asta;