Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 37:9 - Kitab Sutji

9 Kerub-kerub iku padha mbeber swiwine karo pisan mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, sarta raine arep-arepan lan tumungkul marang tutup pangruwatan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 37:9
15 Iomraidhean Croise  

Banjur ngimpi: Lah ana andha ngadeg ing bumi kang pucuke sundhul ing langit, lan katon para malaekate Gusti Allah munggah-mudhun ing andha mau.


Sawuse manungsa katundhung metu, Sang Yehuwah Allah banjur mrenahake kerub sawatara ana ing sawetane patamanan Eden, kanthi pedhang murub kang mobat-mabit, kanggo njaga dalan kang anjog ing wit panguripan.


Kerub-kerub iku diprenahake ana ing satengahe kamar kang njero dhewe, karo-karone padha ngegarake swiwine, nganti kerub kang siji nyenggol tembok kalawan swiwine, lan kerub sijine nyenggol tembok liyane, dene swiwi-swiwi kang ana ing satengahe padaleman padha adu pucuk.


Kerub-kerub iku padha ngegarna swiwine mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, raine padha adu arep; raine kerub-kerub iku padha tumungkula marang tutup pangruwatan mau.


Bezaleel mau iya gawe meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta, dhuwure karotengah asta,


Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.


Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur.


Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pituturKu ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.”


Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


supaya saiki kabeh sawernaning kawicaksanane Gusti Allah disumurupake marang para pamarentah lan para panguwasa ing swarga dening pasamuwan,


Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?


Para nabi iku wis padha dijarwani, yen ora padha ngladeni sarirane piyambak, nanging kowe kang padha diladeni samubarang, kang saiki wis kawartakake marang kowe dening wong-wong kang marga saka pakaryane Sang Roh Suci, kang wis kautus saka ing swarga, padha nggelarake Injil marang kowe kabeh, yaiku bab-bab kang dalasan para malaekat kapengin maspadakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan