Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.
Kang manganggo mori mau nuli kapangandikanan mangkene: “Sira lumebua ing sangisoring kerub saka ing antarane rodha-rodhane, ngrakupa mawa mengangah saka ing satengahe kerub iku lan sawurna ing sadhuwure kutha iku.” Aku tumuli sumurup wong mau lumebu.