Pikulan iku marga saka dawane nganti pucuke katon saka ing papan suci, kang ana ing sangareping kamar pungkuran, nanging ora katon saka ing njaba. Iya ana ing kono iku sumelehe nganti saprene.
Karodene iya digawekake gelangan mas cor-coran patang iji padha kaetrapake ing pojoke ngisor papat pisan, yaiku gelangan loro ana iringan kang siji, gelangan loro maneh ana iringan sijine.
Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.
Pamrihe supaya katona murnine pracayamu kang ajine banget ngungkuli emas kang bisa rusak kang kauji murnine srana geni, temahan kowe padha oleh pangalembana sarta kamulyan lan kaurmatan besuk ing dina kababare Gusti Yesus Kristus.