Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 37:23 - Kitab Sutji

23 Padamaran iku digawekake damar clupak pitung iji sasapite lan tadhahe langes, iya mas murni kang kagawe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 37:23
11 Iomraidhean Croise  

Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe.


Sapite lan tadhahane langes iya padha mas murni.


Kudhup-kudhup lan pang-pang mau padha kagawe iras-irasan karo padamarane, kabeh kagawe saka mas murni gemblengan.


Mas murni satalenta kang dianggo gawe padamaran iku dalah sapirantine kabeh.


Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu;


“Sira kandhaa marang Harun lan tutura: Samangsa sira masang damar-damar iku, damare pitu pisan bisaa madhangi ing ngarepe padamaran.”


Aku tumuli noleh arep meruhi swara kang mangandikani aku iku. Lan sawuse noleh, sumurup ana padamaran mas pitu.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.


Banjur ana pinituwa kang ngandika marang aku: “Kowe aja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trah Yahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan