“Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane.
Ana kudhup siji kaprenah ing sangisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamaran iku, ana siji ing sangisore pang sajodho kang kapindho, ana siji ing sangisore pang sajodho kang katelu; kaya mangkono panggawene pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran.
Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,