Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 37:16 - Kitab Sutji

16 Lan iya gawe piranti kang tumumpang ing meja iku, yaiku pinggan lan piring, tuwung lan kendhi, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh kang kagawe mas murni.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 37:16
8 Iomraidhean Croise  

Bokor-bokore, lading-ladinge lan bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane, iku kang kagawe emas murni, esel-esele lawang kamar njero, yaiku papan sucining-asuci lan esel-esele lawang kamar gedhe ing Padaleman Suci, uga emas.


Nanging dhuwit kang kaladekake marang padalemaning Sang Yehuwah iku ora kanggo gawe bokor selaka, lading, bokor panyiraman, kalasangka, utawa sadhengaha piranti emas lan selaka kang kanggo padalemaning Sang Yehuwah,


Sira iya gawea pinggan, piring, porong lan tuwung, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh iku kagawea saka mas murni.


Pikulane iku kayu sittah kang kablongsong ing mas, kagawe ngusung meja iku.


Karomaneh iya gawe padamaran mas murni, padamaran iku kang digawe mas gemblengan, iya dhasare iya sikilane, iya adeg-adege lan slagane, kudhupe lan kembange, kabeh padha kagawe irasan.


Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;


Ing sajroning omah gedhe iku kang tinemu ora mung prabot emas lan salaka, nanging uga barang-barang kang kagawe saka kayu lan lempung; kang saka emas lan salaka kanggo kapreluan kang wigati, dene liyane kanggo kapreluan kang kurang wigati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan