13 Sarta digawekake gelangan mas cor-coran patang iji, gelangan iku padha dipasang ing saben pojok, kaprenah ing sikile papat pisan.
Karodene diwenehi wengku mubeng temu gelang ambane satebah, lan wengku mau iya dietrapi plisir mas mubeng.
Gelangane padha mepet ing wengku, gelangan iku minangka slobokane pikulan kang kagawe ngusung meja mau.