Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 36:8 - Kitab Sutji

8 Ing antarane para tukang-tukang mau kang ahli banjur padha nggarap Tarub Suci kanthi migunakake tendha lena alus kang benange kaantih lan bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, lan bakal jingga cacahe sapuluh; lan ana kerube gaweane ahli tenun, kabeh iku kagawe ing wong.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 36:8
14 Iomraidhean Croise  

Sabanjure ing sajroning kamar pungkuran diyasakake kerub kayu jaitun alas loro, siji-sijine dhuwure sapuluh asta.


Sang Prabu Dawud yasa gedhong-gedhong kagem panjenengane piyambak ana ing kuthane Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur cecawis panggonan kanggo pethining Allah lan kadamelake tarub.


Sang Prabu Suleman banjur tindak menyang ing tengger pangorbanan ing Gibeon kadherekake dening wong sapasamuwan mau kabeh, amarga ana ing kono dununge Tarub Pasewakaning Allah yasane Nabi Musa, abdining Yehuwah, ana ing pasamunan.


Nuli yasa kerub tatahan loro kanggo ing pasucen kang pinunjul, iku iya kalapis ing emas.


Lan sira gawea pepethan kerub mas loro kang kagawe emas gemblengan, kapasanga ing pungkasane tutup pangruwatan mau.


Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”


Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:


Tarub Pasewakan, pethi angger-angger, tutup pangruwatan kanggo pethi mau, lan sakabehe pirantine tarub iku,


Nuli sakehe wong panunggalanira kang ahli padha tekaa lan gawea samubarang kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah,


Dawane saben tendha wolulikur asta lan ambane saben tendha patang asta, tendha mau kabeh ukurane padha.


Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan