Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 36:7 - Kitab Sutji

7 Marga bahan kang dibutuhake kanggo nggarap sakehe pagawean wus cukup, malah kepara turah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 36:7
3 Iomraidhean Croise  

Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.


dene Imam Agung Azarya, tedhake Sang Zadhok, ngunjukake wangsulan mangkene: “Wiwit nalika pisungsung mligi punika kasaosaken dhateng ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kawula sampun sami nedha ngantos tuwuk sanget, ewasamanten taksih tirah kathah sanget, amargi Sang Yehuwah sampun maringi berkah dhateng umatipun, satemah lajeng wonten tirahan ingkang samanten kathahipun punika.”


Nabi Musa tumuli dhawuh ngudhangake ana ing palereban, mangkene: “Wong lanang utawa wadon wus ora susah nggawa apa-apa maneh minangka pisungsung-mligi kanggo ing pasucen.” Mangkono dadine rakyat mau kapenggak anggone ngaturake pisungsung maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan