Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 36:5 - Kitab Sutji

5 banjur padha sowan marang ing ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Tiyang-tiyang anggenipun sami ngaturaken sampun nglangkungi saking ingkang dipun betahaken kangge ngayahi padamelan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 36:5
8 Iomraidhean Croise  

Bareng wus rampung, turahane dhuwit dicaosake marang Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha. Dhuwit iku dianggo gawe prabot-praboting padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku: piranti-piranti kanggo nganakake kebaktian, piranti-piranti kanggo caos kurban obaran, uga piring-piring lan piranti-piranti emas lan selaka. Sajege sugenge Imam Agung Yoyadha kurban obaran ajeg kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah.


Ing kono wong akeh banjur padha nyopoti anting-antinge mas kang ana ing kupinge somahe lan anak-anake, sarta diaturake marang Rama Harun.


Lan sakehe para ahli kang nandangi sakehe pagawean kanggo pasucen iku padha teka kalawan ninggal pagaweane dhewe-dhewe,


Nabi Musa tumuli dhawuh ngudhangake ana ing palereban, mangkene: “Wong lanang utawa wadon wus ora susah nggawa apa-apa maneh minangka pisungsung-mligi kanggo ing pasucen.” Mangkono dadine rakyat mau kapenggak anggone ngaturake pisungsung maneh.


sabab kabeh mburu kabutuhane dhewe dudu kabetahane Sang Kristus Yesus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan