Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 36:4 - Kitab Sutji

4 Lan sakehe para ahli kang nandangi sakehe pagawean kanggo pasucen iku padha teka kalawan ninggal pagaweane dhewe-dhewe,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 36:4
6 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono tukang-tukang mau padha wiwit nyambut gawe; tumindaking pagawean rancag kagarap ing wong-wong iku. Padalemaning Allah kabangun maneh manut kaanane sakawit lan disantosakake.


Iku nuli padha nampani saka astane Nabi Musa sakehe pisungsung-mligi atur-ature wong Israel kanggo ing ayahan ngadegake pasucen. Nanging wong Israel iku saben esuk isih terus ndlidir bae anggone padha ngaturake pisungsung manasuka marang Nabi Musa.


banjur padha sowan marang ing ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Tiyang-tiyang anggenipun sami ngaturaken sampun nglangkungi saking ingkang dipun betahaken kangge ngayahi padamelan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah.”


“Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?


Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?


Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan